SILAT

Kamis, 16 Juli 2009 | |

Pencak Silat utawa Silat (olah yuda migunakaké olah kaprajuritan) yaiku seni bela diri Asia sing ngoyot seka budaya Melayu. Seni bela diri iki kawentar ing Indonesia, Malaysia, Brunei, lan Singapura nanging bisa uga tinemon ing sawetara suku liyané ing rumpun Melayu kayata Filipina Kidul lan Thailand Kidul.

Babon organisasi pencak silat ing Indonesia yaiku IPSI (Ikatan Pencak Silat Indonesia). Persilat (Persekutuan Pencak Silat Antara Bangsa), iku organisasi sing anggotané Indonesia, Singapura, Malaysia lan Brunei Darussalam kanggo dadi wahana federasi-federasi pencak silat ing sawetara negara.


[sunting] Organisasi Pencak Silat

  • PERSILAT- Persekutuan Pencak Silat Antara Bangsa
  • IPSI - Ikatan Pencak Silat Indonesia
  • PESAKA Malaysia - Persekutuan Silat Kebangsaan Malaysia
  • PERSISI - Persekutuan Silat Singapore
  • EPSF - European Pencak Silat Federation

Nganti tekan saiki Anggota Organisasi Pencak Silat sing wis kapratèlan ing PERSILAT gunggungé ana 33 organisasi ing saindenging jagad.

0 komentar: